Country | |
Publisher | |
ISBN | 9786230261206 |
Format | PaperBack |
Language | Javanese |
Year of Publication | 2023 |
Bib. Info | x, 59p. ; 20cm |
Categories | Literature |
Product Weight | 100 gms. |
Shipping Charges(USD) |
Ngelmu iku kalakone kanthi laku. Tembung kang ana ing tembang Pocung, Serat Wulangreh anggitane Sri Susuhunan Pakubuwana IV, mratelakake menawa sakabehing ngelmu bakal migunani lamun wus den lakoni. Luwih-luwih yen bisa murakabi sarta ana guna paedahe tumraping liyan. Kang mangkono iku bakal mepes wewatakan dur angkara murih nyiptakake beciking kahanan. Salah sijine ngelmu babagan kasusastran yaiku geguritan. Asal saka tembung gurit kang ngemu teges cathetan utawa tatahan. Jinis sastra gagrak anyar iki mula bukane saka tembang, kang sateruse ngrembaka ing kalangane para penulis kanthi luwih amba maneh tata aturan panulisane. Beda karo sastra gagrak lawas kang wus akeh dikenal yaiku kakawin, kidung lan tembang. Kang kabeh kuwi kaiket dening pathokan kang gumathok, guru lagu, guru gatra lan guru wilangan. Akeh-akehe, geguritan migunakake tembung-tembung pilihan, ngandhut isi kang mentes sarta ngemu piwulang bab kabecikan. Ora keri ngenani babagan purwakanthi basa, swara lan sastra.